Sony Xperia E1 - Ngapiki output swara

background image

Ngapiki output swara

Sampeyan bisa ngapiki swara piranti kanthi ngaktifake setelan swara kayata Clear

Phase™ lan xLOUD™ siji-siji kanthi manual, utawa ngatur supaya teknologi ClearAudio+

nyetel swara kanthi otomatis. Sampeyan uga bisa ngaktifake Dynamic normaliser supaya

beda volume ing media sing beda-beda bisa diminimalake.

Nggunakake teknologi Clear Phase™

Gunakake teknologi Clear Phase™ saka Sony kanggo nyetel kanthi otomatisl kwalitas

swara sing metu saka spiker internal piranti lan swara dadi luwih alami lan resik.

Nggedhekake kwalitas swara spiker nggunakake Clear Phase™

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Swara > Efek swara.

3

Busak tandha ing kothak

ClearAudio+, yen wis dicenthang.

4

Tutul

Paningkatan swara > Setelan.

5

Wenehi tandha ing kothak

Clear Phase™.

Nguripake fitur Clear Phase™ ora ana pengaruhe tumrap aplikasi komunikasi swara. Contone,

kwalitas swara ing telpon swara ora genti.

Nggunakake teknologi xLOUD™

Gunakake teknologi saring audio xLOUD™ saka Sony kanggo nggedhekake volume

spiker tanpa ngorbanake kwalitas. Entuka swara sing luwih dinamis nalika ngrungokake

lagu-lagi sing paling seneng.

Nggedhekake volume spiker nggunakake xLOUD™

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Swara > Efek swara.

3

Busak tandha ing kothak

ClearAudio+, yen wis dicenthang.

4

Tutul

Paningkatan swara > Setelan.

5

Wenehi tandha ing kothak

xLOUD™.

Nguripake fitur xLOUD™ ora ana pengaruhe tumrap aplikasi komunikasi swara. Contone,

kwalitas swara ing telpon swara ora genti.

36

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.