Sony Xperia E1 - Tombol layar

background image

Tombol layar

Sampeyan bisa ngetik teks nganggo papan tombol QWERTY ing layar kanthi nutul saben

aksara, utawa nganggo fitur tulis Gangsar lan nggeser driji nulis aksara siji-siji kanggo

nulis tembung.
Sampeyan bisa milih nganti telung basa kanggo ngetik teks. Papan tombol ndeteksi

basa sing digunakake lan mbedhek tembung kanggo basa kasebut nalika sampeyan

ngetik. Sawetara aplikasi mbukak tombol layar kanthi otomatis, contone, aplikasi email

lan olahpesen teks.

1 Busak karakter sadurunge kursor.

2 Penet tombol bali utawa konfirmasi input teks.

3 Ngetik spasi.

4 Nggawe pribadhi papan tombol. Tombol iki ora katon sakwise papan tombol digawe pribadhi.

5 Tampilake nomer lan lambang. Kanggo lambang liyane, tutul

.

6 Ngoper antarane huruf cilik , huruf gedhe , lan kapital . Kanggo sawetara basa, tombol iki

digunakake kanggo ngakses huruf ekstra ing basa kasebut.

Nuduhake keyboard layar kanggo ngetik teks

Tunyuk kolom entri teks.

Nggunakake keyboard layar ing orientasi malang

Nalika keyboard layar ditampilake, puter piranti kanthi dimiringake.

Sampeyan perlu ngatur setelan ing sawetara aplikasi supaya bisa nggunakake orientasi

malang.

Ngetik teks karakter kanthi karakter siji-siji

1

Kanggo ngetik karakter sing ana ing keyboard, tutul karakter kasebut.

2

Kanggo ngetik varian karakter, tutul terus karakter keyboard reguler kanggo entuk

dhaptar pilihan sing kasedhiya, banjur pilih saka dhaptar. Umpamane, kanggo

ngetik "é", tutul terus "e" nganti pilihan katon, banjur, kanthi tetep menet driji ing

keyboard, seret lan pilih "é".

Ngetik titik

Sawise ngetik tembung, tutul bar spasi ping pindho.

Ngetik teks nganggo fungsi tulis Gangsar

1

Nalika tombol layar ditampilake, geser driji saka aksara menyang aksara kanggo

nglacak tembung sing arep ditulis.

2

Yen wis rampung ngetik sak tembung, angkat driji. Saran tembung katon

adhedhasar aksara sing dilacak.

3

Yen tembung sing dipengini ora katon, tutul kanggo ndeleng pilihan liyane

banjur pilih wae. Yen pilihan sing dipengini ora katon, busak kabeh tembung

banjur lacak maneh, utawa tik tembung kanthi nutul saben aksara siji-siji.

37

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggenti setelan Tulis gangsar

1

Nalika keyboard layar ditampilake, tutul .

2

Tutul , banjur tutul

Setelan papan tombol > Setelan input teks.

3

Kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi tulis Gangsar, centhang utawa busak

centhang ing kothak

Tulis gangsar.